Berikut isi lengkap 8 butir Sabda Tama Sri Sultan

CENDANANEWS– Dari data yang diperoleh Cendananews.com, berikut isi lengkap 8 butir Sabda Tama Sri Sultan Hamengkubuwono X:
Ingsun Maring dawuh marang sira kabeh, putra-putri Dalem, sedherek Dalem, sentono Dalem, uga para abdi dalem lan sira kang duwe kalenggahan ana ing Kraton Ngayogyakarta, nyambung karo Sabdotomo Ingaun naliko surya kaping 10 Mei 2012.
Mengertio, ingsun uga netepi pranatan, paugeran lan janjiku marang Gusti Allah, Gusti Agung Kang Kuwasa Cipta, uga para leluhur-leluhur kabeh, mula Ingsun paring dawuh, yaiku:
1. Ora iso sapa wae ngungkuli utowo nduwuri mungguhing Kraton.
2. Ora iso sapa wae mutusake utawa rembugan babagan Mataram luwih-luwih kalenggahan tatanan Mataram Kalebu kang gandeng cenenge karo tatanan panarentahan kang bisa mutusake Raja
3. Marang sapa wae kang uwis kaparingan kalenggahan, manut karo Raja sing maringi kalenggahan
4. Sing gelem lang ngrumangsani bagian saka alam lan helem nyawiji karo alam, kuwi sing pantes diparingi lan diparingake ngleksanaake dawuh lan iso diugemi yaiku:
– Pangucape iso diugemi
– Ngrumangsani sapa ta sejatine
– Ngugemi asal usule
– Kang gumelae iki wis ana kang nata
Dumadi ana lir gumanti ora kepareng dirusuhi
5. Sing disebut tedak turun Kraton, sapa wae lanang utawa wedok durung mesti diparengake ngleksana ake dawuh kalenggahan, kang kadawuhake wis TINITIK. Dadi yen ana kang omong babagan kalenggahan nata Nagari Mataram sapa wae luwih-luwih Pengageng Pangembating Praja, ora dikeparengake, kire keru utawa luput
6. Anane Sabdo Tama, kanggo ancer-ancer parembagan apa wae uga Paugeran Kraton. Semono uga negara nggunaake Undang-Undang
7. Sabdotomo kang kapungkur, kawedarake jumbuh anane Undang-Undang Keistimewaan, jumbuh anane Perdais lan Danais
8. Yen butuh mbenerake undang-undang Keistimewaan dasare Sabdotomo lan ngowahi undang-undange
Kuwi kabeh dawuh kang perlu dimangerteni lan diugemi
Ngayogyakarta, 6 Maret 2015
Sri Sultan Hamengkubuwono X

———————————————————–
Jumat, 6 Maret 2015
Jurnalis : Mohammad Natsir/Henk Widi
Editor   : ME. Bijo Dirajo
———————————————————-

Lihat juga...